Pocung Buatan Sendiri Untuk Pemula
Pocung Buatan Sendiri - Halo sobat semua kali ini saya akan memberikan beberapa contoh tembang pocung dengan tema yang relevan dengan kondisi dan situasi saat ini. Pocung yang admin tulis ini berdasarkan inspirasi dan motivasi untuk membangun kesadaran masyarakat terhadap
Tema Kehidupan
Tata krama kang satuhu
Karya nak ing jro tyas
Kajen ing netra sesami
Aja cidra mundhak nemahi cilaka
Yo sinau
ben ra bodho jro uripmu
kudu ing sembada
ngelmu luhur kang utami
yen wis mulya aja lali mring wong tua
bapak ibu
dongakno aku anakmu
nyenyuwun mring Kwasa
pados karya ing basuki
bapa biyung pangestumu kang utama
garwa iku
sigarane nyawa estu
kebak rasa tresna
saben dina kang ngrencangi
janji suci adoh ing ukara cidra
Mumet iku
tambane ya mlaku mlaku
leren mikir arta
dolan supaya ra sepi
Ja nelangsa becike pariwisata
Sira ayu
nyata kang tak antu antu
panggon andum tresna
rasa kang kepati pati
Yen jodhone bungah ati tan umpama
Susah iku
abot rasa jroning kalbu
bingung tanpa daya
elinga nyembah mring Gusti
Aja lali marang mula mula nira
Sehat iku
larang regane satuhu
aja dha sembrana
olah raga baku yekti
bagas waras dongaku mring para warga
Negaraku
Lagi nandhang ing bebendu
gawat lan darurat
bapak guru wanti wanti
nanggo hape sinaune boros pulsa
Belum ada Komentar untuk "Pocung Buatan Sendiri Untuk Pemula"
Posting Komentar
Terimakasih Telah Berkunjung Silahkan Tinggalkan Komentar.